SMS Lebaran Bahasa Jawa .. !!
Nyusun ukara kanthi sae lan becik supados damel sengsemipun asanes meniko sampun dados pahalanipun kula panjenengan sami, utaminupun menawi gadah pepinginan nyambung tali silaturahim kanthi kirim warta utawi SMS; wonten ing jaman sarwa modern punika ingkang sok sinteno kemawon sampun kagungan Handphone kanthi gampang saget ngirim pawartos dumateng, sederek, rencang, bapa lan ibu, mbakyu kangmas, adik lan sak panunggalanipun. Ingkang rekaos meniko bilih kedhah milah milih ukara kanthi basa jawi ingkah pas lan dipun waos ndamel sengsemeng manah ingkan nampi kiriman SMS. Wonten ing kesempatan meniko kula nyobi urun tulisan mbok bilih saget kagem tuludho tumrap kita sami, rikala gadah pepinginan kirim SMS Lebaran kanthi bahasa jawa.
- Ngaturaken wilujeng Ied Fitri 1432H. Nyuwun agunging pangapunten. Mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti ingkang Maha Mirah.Amien…
- Kula nyuwun agunging samudra sih pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batin mboten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri,mugi Gusti Allah Ingkang Maha Asih paring ridho lan rahmatipun dumateng kita sedaya. Amien…
- Mulad sarira hangrasa wani; Wani ngakoni kalemahan diri; Sugeng Riyadi Idul Fitri; Sadaya kelepatan nyuwun samudra sih pangraksami Taqabalallahu Minna Wa Minkum
- Mugi amal ibadah kita sadaya katampi; Murwa sarira ing dina riyadi; Kedah dilengkapi dandaning ati; Dandan awak ing dina riyadi; Becik disarengi bagusing ati; Kawula haturken sugeng riyadi; Luput kula ampun dilebetken ati; Taqabalallahu Minna Wa Minkum Mugi amal ibadah kita sadaya katampi;
- Sedaya kang kawijil ing lisan; saha soleh bawa ingkang nalisir ing udanegara, miwah manah ingkang cubriya, Pinaringana sih aksama, Minal aidzin wal faidzin.
- Suminaring surya enjang dinten riyadin; Pethak cinandra resik ing wardaya; Mangayubagya dinten riyadin ……. H; Nyuwun agunging pangraksami lepat kawula sakeluarga.
- Aruming pangruwating jiwa; winayah ing lekasing ati suci; sumusul lumunturing nugraha jatining sedya; Kula sakeluarga ngaturaken Sugeng Riyadi …. H; nyuwun agunging sih samodra pangaksami; Sedaya kelepatan ingkang dipun sengaja lan mboten dipun sengaja; Dumugi lahir terusing bathin
- Rinenggo pudyo pudyaning satata; kanthi perbawaning Dinten Riyadi meniko; dalem sakaluargi; nyuwun sih lumebering; samodra pangaksami; lahir dumugi ing batos.
- Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep; silaturahim kanggo lantaran rumakete ati;Kita sedaya paring pangapura kanthi mantep; nglaleake kalepatan liyan kanggo agawe tentreme ati; Ngaturakane Sugeng Riyadi …..
- Kanthi ikhlasing manah tulusing sedya; Kairing pangajeng-ajeng miwah karaharjan kita sami; Ginanjaran berkah welasing Gusti Ingkang Maha Asih; Ngaturaken Sugeng Riyadi ; Mugi kita sami tinitah fitrah kanthi apura ing apuran
- ….. Ngaturaken “SUGENG RIYADI …………. H”; Taqaballaahu minna wa minkum, wa shiamana wa shiamakum.; Minal aidin wal faidzin, Kullu’aamin wa antum bikhair.. ;
- Kanthi andhaping manah; Kula nyuwun keikhlasan penjenengan; Paring pengapunten dumateng sedaya lepat kula; Lahir dumugi bathin, ingkang disengaja lan mboten; Taqabalallahuminawaminkum; Sugeng Riyadi “ ……… H”
- Bilih ing dinten kawuri wonten lepating atur; Mewawi ugi tumindak ingkang ndamel kuciwaning manah; Kula suwun ing dinten riyadi meniko; Panjenengan kersa paring pangapunten dumateng kula; “MINAL AIDIN WALFAIDZIN”
- Mugi-mugi ndadosaken manah ingkang fitri kinanthi pangajab; “Taqobalallahu minna waminkum taqobbal ya karim, ja’alanallahu waiyakum minal aidin walfaizin walmaghfurin”
Mugi wonten manfaatipun .. namung sadermi nguri-uri kabudayan sampun ngantos kesupen pripun mewawi kirim SMS lebaran dumateng sanak kadhang, seratan ing ngginggil taksih saget dipun kembangaken maleh dipun cocokaken kaliyan kekanjengan panjengan sami.

visit http://fatur99.blogspot.com
BalasHapus